- polahe wong Jawa kaya gabah den interi endi sing bener endi sing sejati para tapa padha ora wani padha wedi ngajarake piwulang adi salah-salah anemahi pati tingkah laku orang Jawa seperti gabah ditampi mana yang benar mana yang asli para pertapa semua tak berani takut menyampaikan ajaran benar salah-salah dapat menemui ajal
- banjir bandhang ana ngendi-endi gunung njeblug tan anjarwani, tan angimpeni gethinge kepati-pati marang pandhita kang olah pati geni marga wedi kawiyak wadine sapa sira kang sayekti banjir bandang dimana-mana gunung meletus tidak dinyana-nyana, tidak ada isyarat dahulu sangat benci terhadap pendeta yang bertapa, tanpa makan dan tidur karena takut bakal terbongkar rahasianya siapa anda sebenarnya
- pancen wolak-waliking jaman amenangi jaman edan nora edan ora kumanan sing waras padha nggagas wong tani padha ditaleni wong dora padha ura-ura begja-begjane sing lali, isih begja kang eling lan waspada sungguh zaman gonjang-ganjing menyaksikan zaman gila tidak ikut gila tidak dapat bagian yang sehat pada olah pikir para petani dibelenggu para pembohong bersuka ria beruntunglah bagi yang lupa, masih beruntung yang ingat dan waspada
- ratu ora netepi janji musna kuwasa lan prabawane akeh omah ndhuwur kuda wong padha mangan wong kayu gligan lan wesi hiya padha doyan dirasa enak kaya roti bolu yen wengi padha ora bisa turu raja tidak menepati janji kehilangan kekuasaan dan kewibawaannya banyak rumah di atas kuda orang makan sesamanya kayu gelondongan dan besi juga dimakan katanya enak serasa kue bolu malam hari semua tak bisa tidur
- sing edan padha bisa dandan sing ambangkang padha bisa anggalang omah gedhong magrong-magrong yang gila dapat berdandan yang membangkang semua dapat membangun rumah, gedung-gedung megah
- wong dagang barang sangsaya laris, bandhane ludhes akeh wong mati kaliren gisining panganan akeh wong nyekel bandha ning uriping sangsara orang berdagang barang makin laris tapi hartanya makin habis banyak orang mati kelaparan di samping makanan banyak orang berharta namun hidupnya sengsara
- wong waras lan adil uripe ngenes lan kapencil sing ora bisa maling digethingi sing pinter duraka dadi kanca wong bener thenger-thenger wong salah bungah akeh bandha musna tan karuwan larine akeh pangkat lan drajat padha minggat tan karuwan sababe orang waras dan adil hidupnya memprihatinkan dan terkucil yang tidak dapat mencuri dibenci yang pintar curang jadi teman orang jujur semakin tak berkutik orang salah makin pongah banyak harta musnah tak jelas larinya banyak pangkat dan kedudukan lepas tanpa sebab
- bumi sangsaya suwe sangsaya mengkeret sakilan bumi dipajeki wong wadon nganggo panganggo lanang iku pertandhane yen bakal nemoni wolak-waliking jaman bumi semakin lama semakin sempit sejengkal tanah kena pajak wanita memakai pakaian laki-laki itu pertanda bakal terjadinya zaman gonjang-ganjing
- akeh wong janji padha cidra, akeh wong nglanggar sumpahe dhewe, manungsa padha seneng ngalap, tan anindakake kukuming Allah, barang jahat diangkat-angkat, barang suci dibenci. banyak orang berjanji diingkari banyak orang melanggar sumpahnya sendiri manusia senang menipu tidak melaksanakan hukum Allah barang jahat dipuja-puja barang suci dibenci
- akeh wong ngutamakake royal, lali kamanungsane, lali kebecikane, lali sanak lali kadang, akeh bapa lali anak, akeh anak nundhung biyung, sedulur padha cidra, kulawarga padha curiga, kanca dadi mungsuh, manungsa lali asale banyak orang hamburkan uang lupa kemanusiaan, lupa kebaikan lupa sanak saudara banyak ayah lupa anaknya banyak anak mengusir ibunya antar saudara saling berbohong antar keluarga saling mencurigai kawan menjadi musuh manusia lupa akan asal-usulnya
- ukuman ratu ora adil akeh pangkat jahat jahil kalakuwan padha ganjil sing apik padha kepencil akarya apik manungsa isin luwih utama ngapusi hukuman raja tidak adil banyak yang berpangkat, jahat dan jahil tingkah lakunya semua ganjil yang baik terkucil berbuat baik manusia malah malu lebih mengutamakan menipu
- wanita nglamar pria isih bayi padha mbayi sing pria padha ngasorake drajate dhewe wanita melamar pria masih muda sudah beranak kaum pria merendahkan derajatnya sendiri Bait
152 sampai dengan 156 tidak ada (hilang dan rusak)
- wong golek pangan pindha gabah den interi sing kebat kliwat, sing kasep kepleset sing gedhe rame, gawe sing cilik keceklik sing anggak ketenggak, sing wedi padha mati nanging sing ngawur padha makmur sing ngati-ati padha sambat kepati-pati tingkah laku orang mencari makan seperti gabah ditampi yang cepat mendapatkan, yang lambat terpeleset yang besar beramai-ramai membuat yang kecil terjepit yang angkuh menengadah, yang takut malah mati namun yang ngawur malah makmur yang berhati-hati mengeluh setengah mati
- cina alang-alang keplantrang dibandhem nggendring melu Jawa sing padha eling sing tan eling miling-miling mlayu-mlayu kaya maling kena tuding eling mulih padha manjing akeh wong injir, akeh wong cethil sing eman ora keduman sing keduman ora eman cina berlindung karena dilempari lari terbirit-birit ikut orang Jawa yang sadar yang tidak sadar was-was berlari-lari bak pencuri yang kena tuduh yang tetap tinggal dibenci banyak orang malas, banyak yang genit yang sayang tidak kebagian yang dapat bagian tidak sayang
- selot-selote yen mbesuk ngancik tutuping tahun sinungkalan dewa wolu, ngasta manggalaning ratu bakal ana dewa angejawantah apengawak manungsa apasurya pindha bathara Kresna awewatak Baladewa agegaman trisula wedha jinejer wolak-waliking jaman wong nyilih mbalekake, wong utang nyaur utang nyawa nyaur nyawa utang wirang nyaur wirang selambat-lambatnya kelak menjelang tutup tahun (sinungkalan dewa wolu, ngasta manggalaning ratu) akan ada dewa tampil berbadan manusia berparas seperti Batara Kresna berwatak seperti Baladewa bersenjata trisula wedha tanda datangnya perubahan zaman orang pinjam mengembalikan, orang berhutang membayar hutang nyawa bayar nyawa hutang malu dibayar malu
- sadurunge ana tetenger lintang kemukus lawa ngalu-ngalu tumanja ana kidul wetan bener lawase pitung bengi, parak esuk bener ilange bathara surya jumedhul bebarengan kang wus mungkur prihatine manungsa kelantur-lantur iku tandane putra Bathara Indra wus katon tumeka ing arcapada abebantu manungsa Jawa sebelumnya ada pertanda bintang pari panjang sekali tepat di arah Selatan menuju Timur lamanya tujuh malam hilangnya menjelang pagi sekali bersama munculnya Batara Surya bebarengan dengan hilangnya kesengsaraan manusia yang berlarut-larut itulah tanda putra Batara Indra sudah nampak datang di bumi untuk membantu orang Jawa
- dedunung ana sikil redi Lawu sisih wetan wetane bengawan banyu adhedukuh pindha Raden Gathotkaca arupa pagupon dara tundha tiga kaya manungsa angleledha asalnya dari kaki Gunung Lawu sebelah Timur sebelah timurnya bengawan berumah seperti Raden Gatotkaca berupa rumah merpati susun tiga seperti manusia yang menggoda
- akeh wong dicakot lemut mati akeh wong dicakot semut sirna akeh swara aneh tanpa rupa bala prewangan mahluk alus padha baris, pada rebut benere garis tan kasat mata, tan arupa kang madhegani putrane Bathara Indra agegaman trisula wedha momongane padha dadi nayakaning perang perange tanpa bala sakti mandraguna tanpa aji-aji banyak orang digigit nyamuk, mati banyak orang digigit semut, mati banyak suara aneh tanpa rupa pasukan makhluk halus sama-sama berbaris, berebut garis yang benar tak kelihatan, tak berbentuk yang memimpin adalah putra Batara Indra, bersenjatakan trisula wedha para asuhannya menjadi perwira perang jika berperang tanpa pasukan sakti mandraguna tanpa azimat
- apeparap pangeraning prang tan pakra anggoning nyandhang ning iya bisa nyembadani ruwet rentenging wong sak pirang-pirang sing padha nyembah reca ndhaplang, cina eling seh seh kalih pinaringan sabda hiya gidrang-gidrang bergelar pangeran perang kelihatan berpakaian kurang pantas namun dapat mengatasi keruwetan orang banyak yang menyembah arca terlentang cina ingat suhu-suhunya dan memperoleh perintah, lalu melompat ketakutan
- putra kinasih swargi kang jumeneng ing gunung Lawu hiya yayi bathara mukti, hiya Kresna, hiya Herumukti mumpuni sakabehing laku nugel tanah Jawa kaping pindho angerahake jim setan kumara prewangan, para lelembut kabawah parentah saeka praya kinen abebantu manungsa Jawa padha asesanti trisula wedha landhepe triniji suci bener, jejeg, jujur kadherekake Sabdopalon lan Nayagenggong putra kesayangan almarhum yang bermukim di Gunung Lawu yaitu Kyai Batara Mukti, ya Krisna, ya Herumukti menguasai seluruh ajaran (ngelmu) memotong tanah Jawa kedua kali mengerahkan jin dan setan seluruh makhluk halus berada dibawah perintahnya bersatu padu membantu manusia Jawa berpedoman pada trisula weda tajamnya tritunggal nan suci benar, lurus, jujur didampingi Sabdopalon dan Noyogenggong
- pendhak Sura nguntapake kumara kang wus katon tinebus dosane kaadhepake ing ngarsaning sang Kuwasa isih timur kaceluk wong tuwa paringane Gathotkaca sayuta tiap bulan Sura sambutlah kumara yang sudah tampak menebus dosa dihadapan sang Maha Kuasa masih muda sudah dipanggil orang tua warisannya Gatotkaca sejuta
- idune idu geni sabdane malati sing mbregudul mesthi mati ora tuwa, enom padha dene bayi wong ora ndayani nyuwun apa bae mesthi sembada garis sabda ora gantalan dina, begja-begjane sing yakin lan tuhu setya sabdanira tan karsa sinuyudan wong sak tanah Jawa nanging inung pilih-pilih sapa ludahnya ludah api sabdanya sakti (terbukti) yang membantah pasti mati orang tua, muda maupun bayi orang yang tidak berdaya minta apa saja pasti terpenuhi garis sabdanya tidak akan lama beruntunglah bagi yang yakin dan percaya serta menaati sabdanya tidak mau dihormati orang se tanah Jawa tetapi hanya memilih beberapa saja
- waskita pindha dewa bisa nyumurupi lahire mbahira, buyutira, canggahira pindha lahir bareng sadina ora bisa diapusi marga bisa maca ati wasis, wegig, waskita, ngerti sadurunge winarah bisa pirsa mbah-mbahira angawuningani jantraning jaman Jawa ngerti garise siji-sijining umat Tan kewran sasuruping jaman pandai meramal seperti dewa dapat mengetahui lahirnya kakek, buyut dan canggah anda seolah-olah lahir di waktu yang sama tidak bisa ditipu karena dapat membaca isi hati bijak, cermat dan sakti mengerti sebelum sesuatu terjadi mengetahui leluhur anda memahami putaran roda zaman Jawa mengerti garis hidup setiap umat tidak khawatir tertelan zaman
- mula den upadinen sinatriya iku wus tan abapa, tan bibi, lola wus aputus wedha Jawa mung angandelake trisula landheping trisula pucuk agawe pati utawa utang nyawa sing tengah sirik gawe kapitunaning liyan sing pinggir-pinggir tolak colong jupuk winanda oleh sebab itu carilah satria itu yatim piatu, tak bersanak saudara sudah lulus weda Jawa hanya berpedoman trisula ujung trisulanya sangat tajam membawa maut atau utang nyawa yang tengah pantang berbuat merugikan orang lain yang di kiri dan kanan menolak pencurian dan kejahatan
- sirik den wenehi ati malati bisa kesiku senenge anggodha anjejaluk cara nistha ngertiya yen iku coba aja kaina ana beja-bejane sing den pundhuti ateges jantrane kaemong sira sebrayat pantang bila diberi hati mati dapat terkena kutukan senang menggoda dan minta secara nista ketahuilah bahwa itu hanya ujian jangan dihina ada keuntungan bagi yang dimintai artinya dilindungi anda sekeluarga
- ing ngarsa Begawan dudu pandhita sinebut pandhita dudu dewa sinebut dewa kaya dene manungsa dudu seje daya kajawakake kanthi jlentreh gawang-gawang terang ndrandhang di hadapan Begawan bukan pendeta disebut pendeta bukan dewa disebut dewa namun manusia biasa bukan kekuatan lain diterangkan jelas bayang-bayang menjadi terang benderang
- aja gumun, aja ngungun hiya iku putrane Bathara Indra kang pambayun tur isih kuwasa nundhung setan tumurune tirta brajamusti pisah kaya ngundhuh hiya siji iki kang bisa paring pituduh marang jarwane jangka kalaningsun tan kena den apusi marga bisa manjing jroning ati ana manungsa kaiden ketemu uga ana jalma sing durung mangsane aja sirik aja gela iku dudu wektunira nganggo simbol ratu tanpa makutha mula sing menangi enggala den leluri aja kongsi jaman kendhata madhepa den marikelu beja-bejane anak putu jangan heran, jangan bingung itulah putranya Batara Indra yang sulung dan masih kuasa mengusir setan turunnya air brajamusti pecah memercik hanya satu ini yang dapat memberi petunjuk tentang arti dan makna ramalan saya tidak bisa ditipu karena dapat masuk ke dalam hati ada manusia yang bisa bertemu tapi ada manusia yang belum saatnya jangan iri dan kecewa itu bukan waktu anda memakai lambang ratu tanpa mahkota sebab itu yang menjumpai segeralah menghormati, jangan sampai terputus, menghadaplah dengan patuh keberuntungan ada di anak cucu
- iki dalan kanggo sing eling lan waspada ing jaman kalabendu Jawa aja nglarang dalem ngleluri wong apengawak dewa cures ludhes saka braja jalma kumara aja-aja kleru pandhita samusana larinen pandhita asanjata trisula wedha iku hiya pinaringaning dewa inilah jalan bagi yang ingat dan waspada pada zaman kalabendu Jawa jangan melarang dalam menghormati orang berupa dewa yang menghalangi akan sirna seluruh keluarga jangan keliru mencari dewa carilah dewa bersenjata trisula wedha itulah pemberian dewa
- nglurug tanpa bala yen menang tan ngasorake liyan para kawula padha suka-suka marga adiling pangeran wus teka ratune nyembah kawula angagem trisula wedha para pandhita hiya padha muja hiya iku momongane kaki Sabdopalon kang wus adus wirang nanging kondhang genaha kacetha kanthi njingglang nora ana wong ngresula kurang hiya iku tandhane kalabendu wis minger ganti wektu jejering kalamukti andayani indering jagad raya padha asung bhekti menyerang tanpa pasukan bila menang tak menghina yang lain rakyat bersuka ria karena keadilan Yang Kuasa telah tiba raja menyembah rakyat bersenjatakan trisula wedha para pendeta juga pada memuja itulah asuhannya Sabdopalon yang sudah menanggung malu tetapi termasyhur segalanya tampak terang benderang tak ada yang mengeluh kekurangan itulah tanda zaman kalabendu telah usai berganti zaman penuh kemuliaan memperkokoh tatanan jagad raya semuanya menaruh rasa hormat yang tinggi.
In this article:

Click to comment