0 = NOL Ateges nunjuk aken yen kosong, lungguhe ono bocah cilik sing isih kosong, durung duwe duwe kaweruh otowo pangerten opo-opo utowo wang wung.
1 = SIJI Tegese soko tembung ISI lan AJI (isine aji), dudu ajine bondo ning AJINE DIRI, dununge wong kang becik diri pribadine bakal di aji-aji karo sak podo padane, mulo siji lungguhe ono ing GUSTI soko tembung BAGUSING ATI sing mujudtake ongko siji , ongko siji iku kawujud soko ongko 0.
2 = LORO Dununge ono bopo lan biyung, lungguhe isi ndonyo iku loro cacahe, ono awan ono bengi, ono bungah ono susah, ono panas ono adem.
3 = TELU Dununge manungso duwe sifat telung perkoro, URIP, ROSO, ROGO’GOLEK. MATEK soko bebrayan BOPO, IBU lan ANAK.
4 = PAPAT Dununge manungso duwe sedulur papat, 1 Mutmainah rupane putih-banyu, 2 Amarah rupane abang-getih, 3 Supiah rupane kuning-angin, 4 Aluamah rupane ireng-lemah, iso ugo diarani keblat papat.
5 = LIMO Dununge ono keblat papat limo pancer utawi lungguhe yen ono toto lahir ono ing zisim lan sing mikul pendoso.
6 = NEM Soko tembung nemu dununge sedulur papat limo pancer, 6 ono ing ayang-ayang, toto lahir ono ing wetan, kidul, kulon, lor, nduwur lan ngisor.
7 = PITU Lungguhe ono ing dino ahad, senin, seloso, rebo, kamis, jum’at, sabtu utawi onone kulit, daging, balung, sungsum, otot lan getih.
8 = WOLU Tegese ojo uwal soko barang kang sing perlu, tamtunipun tumindak engkang sae sampun ngantos ngliwaake, lunmgguhe ono SEWINDHU 8 wolung tahun (WALI WOLU).
9 = SONGO Iku soko pangertene bab bayi kang topo ono guo garbane ibu lawase 9 sasi, lungguhe ono ing wali wolu songo tinari’tinutup.
10 = SEPULUH Dumadi soko ongko 1 lan 0, ongko iki wis paring sasmito marang manungso, yoiku kumpule kawulo lan gusti, kang diarani SILIH-SINILIHAN, tegese urip yen ora nyilih utawi nganggo rogo biso obah mobah kesampar kasandung prasasat tanpo aji, semono ugo ROGO yen wis di oncati deneng URIP yow is ora biso mobah mosik, tanpo aji.
11 = SEWELAS Dumadine ongko sewelas paring pasemong maring kito naliko bopo lan biyung dadi temanten di jejerake/ditemokake.
12 = RO LAS (1) siji tegese urip (2) loro tegese lanang/wadon yo bopo yo biyung pangertene 12 (rong elas) utowo rong iji/urip siji ngerong ono/manggon ono wong loro yo iku bopo biyung.
13 = TELULAS Tegese, urip iku nguripi telung perkoro, dununge 1 nguripi menungso, 2 nguripi kewan, 3 nguripi wit-witan lan jagad sak isine.
14 = PAT BELAS Tegese, urip iku nguripi patang perkoro, 1 nguripi banyu, 2 nguripi geni, 3 nguripi angin, 4 nguripi lemah.
15 = LIMO LAS Tegese, urip iku nguripi limang perkoro, 1 nguripi kuping (pangrungu), 2 nguripi mripat (pandeleng), 3 nguripi irung (pangambu), 4 nguripi lambe (pangraos), 5 nguripi ilat (pangecap).
16 = ENEM BELAS Tegese, urip iku nguripi enem perkoro, 1 nguripi mutmainah, 2 nguripi amarah, 3 nguripi supiah, 4 nguripi aluamah, 5 nguripi ayang-ayang, 6 nguripi wujud/gleger.
17 = PITULAS Tegese, urip iku nguripi pitung perkoro, 1 nguripi wulu, 2 nguripi kulit, 3 nguripi daging, 4 nguripi balung, 5 nguripi sungsum, 6 nguripi otot, 7 nguripi getih.
18 = WOLULAS Tegese, urip iku nguripi Wali 8, kajobo nguripi ragane ugo nguripi keluhurane/asmane supoyo tansah nggondo arum kaluhuran lan sasmitane.
19 = SONGOLAS Tegese, urip iku nguripi sangang perkoro, 1 nguripi kuping loro , 2 nguripi mripat loro, 3 nguripi bolongan irung loro, 4 nguripi lesan siji, 5 nguripi dubur siji, 6 nguripi wadi siji, yen di jumlah ono 9.
20 = RONG PULUH Tegese, urip iku ngerong marang bopo lan biyung, wong loro kanggo ngerongi urip siji dadi loro loroning atunggal toto lahir ono ing kono, mulo iku jejere manungso keno diarani SASTRO JENDRO YUNINGRAT, tegese tulising Gusti kang cetho dumunung ono wujude manungso lanang wadon, mulo manungso bisane nggayuh budi luhur/rahayuning wiwitan lan pungkasan, sanajan manungso iku diwenang ake duwe karep nggayuh donyo brono kudu manut krenteking ati kang resik, biso’o ngemong urip kang suci, nuli biso sanpurno lahir lan bhatine.
Yen wong lanang duwe howo songo, wong wadong duwe howo sewelas, kacek loro, manggone ono ing susu.
By Romo Sidharto Haryo Pusoro
